12 Agustus 2010

Tanjung Mas Ninggal Janji, wah jan ngenes




Lyric:

Bebasan kaya ngenteni
Udan ing mangsa ketiga
Sanajan mung sedhela ora dadi ngapa
Penting isa ngademke ati....

Semono ugo rasaning atiku
Mung tansah nunggu tekamu
Ra krasa setaun kowe ninggal aku
Kangen..kangening..atiku..


Reff:

Aku sih kelingan nalika ing pelabuhan
Kowe janji lunga ra ana sewulan
Nanging saiki wis luwih ing janji
Nyatane kowe ora bali-bali

Ning pelabuhan Tanjung mas kene
Mbiyen aku ngeterke kowe
Ning pelabuhan tanjung mas kene
Aku tansah ngenteni kowe

Semono uga rasaning atiku
Mung tansah nunggu tekamu
Ra krasa setaun kowe ninggal aku
Kangen..kangening.... atiku

Bali nang reff maneh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar