14 Agustus 2010

Anak kebo jenenge gudel

Nalika aku isih cilik lan sekolah ning SD kerep diwulang basa Jawa. Salah sawijining pelajaran sing diwulang yaiku "jeneng anak kewan". Aku nganti saiki isih kelingan sithik. Marga iku aku nulis "jenenge anak kewan" ning blog iki.

1. Anak kebo jenenge Gudel
2. Anak sapi jenenge Pedhet
3. Anak tikus jenenge Cindhil
4. Anak gajah jenenge Bledug
5. Anak cecak jenenge Sawiyah
6. Anak kucing jenenge Cemeng
7. Anak pitik jenenge Kuthuk
8. Anak asu jenenge Kirik
9. Anak dara jenenge Piyik
10. Anak wedhus jenenge Cempe
11. Anak macan jenenge Gogor
Mung sepuluh kuwi sing isih tak eling. Mengko nek isih ana maneh sing anyar arep tak tulis ning kene.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar