Wis suwe aku pingin nggawe blog sing nganggo basa Jawa. O yo ndherek tepang, aku Andi. Aku asli Sukoharjo sing manggon ana ing provinsi Jawa Tengah. Saiki aku isih nganggur. Ya mung blogging, thenguk thenguk sinambi crita ngalor ngidul ora karuan.
Lha ini blogku sing paling anyar, Ndhisik aku wis nggawe blog basa Jawa, nanging wis tak busak amarga ora isa konsentrasi. Wis kakehan blog hehehehehehehehe (gedhe endhase hahahahaha).
Sak jane aku isih bingung, arep tak isi apa blogku iki. Mbange kangelan olehe nggolek topik nggo ngisi blog iki, ya sak ketemune bae. Ben ora tambah mumet, ngrungokne campur sarine Didi Kempot utawa keroncong kemayoran. Wah jan laras tenan.
Wis ya dulur kabeh. Ora usah okeh-okeh olehke ngomong ora nggenah jlentrehane. Sesuk maneh tak teruske.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar